ibnjaldun.com

15 Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa yang Singkat dan Menyentuh

Ilustrasi Anak Sekolah 15 Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa yang Singkat dan Menyentuh/Foto: iStockphoto/Getty Images/Riza Azhari

  • 1. Contoh Pidato 1
  • 2. Contoh Pidato 2
  • 3. Contoh Pidato 3
  • 4. Contoh Pidato 4
  • 5. Contoh Pidato 5
  • 6. Contoh Pidato 6
  • 7. Contoh Pidato 7
  • 8. Contoh Pidato 8
  • 9. Contoh Pidato 9
  • 10. Contoh Pidato 10
  • 11. Contoh Pidato 11
  • 12. Contoh Pidato 12
  • 13. Contoh Pidato 13
  • 14. Contoh Pidato 14
  • 15. Contoh Pidato 15
Jakarta, News -

Pidato menjadi bagian tak terpisahkan pada sebuah acara karena berisi pesan dan harapan dari pihak tertentu untuk khalayak luas yang hadir di acara tersebut, seperti acara perpisahan kelas 6 sekolah dasar.

Biasanya, pidato perpisahan kelas 6 SD yang dibawakan berisi pesan, nasihat, dan salam perpisahan.

Selain itu, pidato juga bisa dibawakan dalam bahasa yang digunakan di daerah setempat, seperti bahasa Jawa.

ADVERTISEMENT

Berikut ini adalah 15 contoh pidato perpisahan kelas 6 dalam bahasa Jawa yang singkat dan menyentuh.

1. Contoh Pidato 1

Sugeng Siang, Bapak Kepala saha Bapak/Ibu guru SD Negeri Bawen 04 ingkang kinurmatan

Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani

Purwakaning atur, sumangga kula tansah ngaturaken puja dalah puji syukur dhateng Allah, Gusti Ingkang Maha Asih. Awit sih nugrahanipun, panjenengan kaliyan kula saget makempal wonten Aula SD Negeri Bawen 04 kanthi becik, wilujeng mboten wonten alangan rubeda setunggal punapa.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil kelas enem badhe matur, ingkang kapisan: kula sarencang kelas enem ngaturaken panuwun dhateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun paring ilmu, kapinteran, saha keprigelan lumantar pawiyatan kanthi sabar lan telaten ingkang dangunipun 6 warsa.


Ingkang kaping kalih, kula sarencang nglenggana kathah lepat ing tindak tanduk, tata krama, tata basa saha suba sita ingkang mboten mranani manah Bapak/Ibu Guru. Pramila ing kalodhangan siyang punika kula nyuwun agunging samodra pangapunten.

Kaping tiga, kula sarencang sampun purna ngadepi gladhen Ujian Sekolah ngantos kasil lulus, kepareng kula nyuwun pamit saha donga pangestu Bapak/Ibu guru supados kula sarencang saget nglajengaken pawiyatan dhateng SMP, ing tembe saget mujudaken gegayuhan ingkang luhur.

Bapak/Ibu Guru ingkang kinurmatan, sandyan kula sarencang sampun purna pawiyatan wonten ing SD Negeri Bawen 04, angangin kula sarencang tetep jagi kebecikan saha kaluhuran SD Negeri Bawen 04. Kula sarencang ugi ndonga mugi-mugi adhik-adhik kelas I ngantos kelas V saget mituhu, gemi lan setiti angenipun sinau ing panyuwunan mugi kaparingan berkah kepinteran saha prestasi ingkang sae saking Allah, Gusti Ingkang Maha Wasis.

Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani penggalih sedaya para rawuh, kula nyuwun agunging pangapunten. Nuwun.

2. Contoh Pidato 2

Ingkang kaulo hormati Bapak Kepala Sekolah lan Bapak Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang-rencang kelas 6 ingkang kula tresnani.

Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kesehatan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged dateng wonten ing adicara perpisahan sak manika.

Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Kula, wakil saking rencang-rencang kelas enem ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun enem warsa.

Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang-rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak lan Ibu guru amargi wonten ing enem warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo utawi mboten disengojo. Mugi-mugi Bapak Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo kaleh rencang-rencang.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agengipun pangapunten.

3. Contoh Pidato 3

Sugeng enjing, sadayana.

Puji syukur kanggo Gusti Allah ingkang Maha Asih, aweit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Kula, minangka wakil saking kelas enem, ngaturakeun agungin panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru saengga saged ngrampungaken kewajiban sekolah.

Mugi sedaya amal lan kasaenan panjenengan pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Asih lan Maha Agung.

Kula ugi ndedonga, mugi panjenengan sadaya pinaringan kasarasan, kawilujengan, lan katentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Dhumateng rencang-rencang sedaya, mugi tansah pinaringan sehat, rahmat, saha barokah ing Gusti Allah, Amin.

Semanten saka kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, nyuwun pengapunten.

Matur nuwun. ngantos kepanggih malih.

Wassalamualaikum wr.wb.

4. Contoh Pidato 4

Sugeng siyang, ingkang kaulo hormati Bapak Kepala Sekolah lan Bapak Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang-rencang kelas 6 ingkang kula tresnani.

Puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken kesehatan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged dateng wonten ing adicara perpisahan sak manika.

Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki.

Kula, wakil saking rencang-rencang kelas enem ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun enem warsa.

Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang-rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak lan Ibu guru amargi wonten ing enem warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo utawi mboten disengojo.

Mugi-mugi Bapak Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo kaleh rencang-rencang.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur.

Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agengipun pangapunten.

Wassalamualaikum wr.wb.

5. Contoh Pidato 5

Assalamualaikum wr. wb,

Sugeng siyang, saha salam sejahtera katur dhateng kita sedaya

Bapak Kepala saha Bapak/Ibu guru SD Negeri Bawen 04 ingkang kinurmatan

Bapak/Ibu Pengurus Komite SD Negeri Bawen 04 ingkang kinurmatan

Bapak/Ibu Wali Murid kelas VI ingkang kinurmatan Bapak/Ibu tamu undhangan ingkang kinurmatan

Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani

Purwakaning atur, sumangga kula tansah ngaturaken puja dalah puji syukur dhateng Allah, Gusti Ingkang Maha Asih. Awit sih nugrahanipun, panjenengan kaliyan kula saget makempal wonten Aula SD Negeri Bawen 04 kanthi becik, wilujeng mboten wonten alangan rubeda setunggal punapa.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil kelas enem badhe matur, ingkang kapisan: kula sarencang kelas enem ngaturaken panuwun dhateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun paring ilmu, kapinteran, saha keprigelan lumantar pawiyatan kanthi sabar lan telaten ingkang dangunipun 6 warsa.

Ingkang kaping kalih, kula sarencang nglenggana kathah lepat ing tindak tanduk, tata krama, tata basa saha suba sita ingkang mboten mranani manah Bapak/Ibu Guru. Pramila ing kalodhangan siyang punika kula nyuwun agunging samodra pangapunten.

Kaping tiga, kula sarencang sampun purna ngadepi gladhen Ujian Sekolah ngantos kasil lulus, kepareng kula nyuwun pamit saha donga pangestu Bapak/Ibu guru supados kula sarencang saget nglajengaken pawiyatan dhateng SMP, ing tembe saget mujudaken gegayuhan ingkang luhur.

Bapak/Ibu Guru ingkang kinurmatan, sandyan kula sarencang sampun purna pawiyatan wonten ing SD Negeri Bawen 04, angangin kula sarencang tetep jagi kebecikan saha kaluhuran SD Negeri Bawen 04.

Kula sarencang ugi ndonga mugi-mugi adhik-adhik kelas I ngantos kelas V saget mituhu, gemi lan setiti angenipun sinau ing panyuwunan mugi kaparingan berkah kepinteran saha prestasi ingkang sae saking Allah, Gusti Ingkang Maha Wasis.

Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani penggalih sedaya para rawuh, kula nyuwun agunging pangapunten. Nuwun.

Wassalamualaikum wr. wb.

6. Contoh Pidato 6

Assalamualaikum wr.wb.

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru sahakaryawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Kula minangka wakil saking siswa kelas 6, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wontening pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kulo ndedongo mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin...

Wasana cekap semanten atur kulo, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kulo nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum wr. wb.

7. Contoh Pidato 7

Assalamualaikum Wr. Wb.

Dhumateng bapak kepala sekolah, bapak-ibu guru, lan rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Monggo sareng-sareng njunjungake puja lan puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun maringi berkah lan karunia, supados kita sedaya saged makempal ing papan menika.

Kula aturaken matur nuwun kaliyan bapak lan ibu guru ingkang sampun maringaken wekdal supados ngerawuhi acara menika.

Dhumateng ingkang kulo tresnani

Kula minangka wakilipun kelas 6 badhe ngaturaken agunging panuwun, amargi bapak lan ibu guru saking katresnan anggenipun nggulawentah dumatheng kula sakanca ngangsu kawruh ing sekolah menika, ingkang hasilipun kula sakanca lulus 100%.

Kula sakanca ugi nyuwun pandonganipun, mugi-mugi kula sakanca ketampi wonten ing sekolah ingkang sae, ingkang kula sakanca idam-idamaken.

Ing pungkasanipun, kula sakanca nyuwun agunging samudra pangaksami mbok bilih wonten atur kula sakanca utawi tindak tanduk ingkang mboten sae. Kula sakanca nyuwun pamit, dinten menika badhe nilaraken sekolah ingkang kula sakanca tresnani.

Mugi-mugi sekolah menika tetep majeng prestasi nipun.

Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum wr. wb.

8. Contoh Pidato 8

Assalamualaikum wr. wb.

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Kula minangka wakil saking siswa kelas 6, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan katentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum wr. wb.

9. Contoh Pidato 9

Assalamu'alaikum wr.wb.

Mangga pertami-tami sanjangaken puji syukur kalih Allah SWT ingkang pundi sampun melimpahkan rahmat, nikmat, lan hidayah kalih kita sami ingkang dugi wonten papan puniki.

Sedaya rahmat, nikmat, lan hidayah ingkang sampun dipunsukakaken kalih kita sami kathah sanget lan mboten angsal diukur. Shalawat lan salam ugi kita sanjangaken kalih junjung nabi

Muhammad saw. ingkang inggih punika suri tauladan kangge sedaya umat islam.

Kalih ingkang kita hormati: bapak sirah sekolah........ kalih jajaran sadayaning guru wonten sekolah.........

Bapak, ibu wali murid ingkang dugi saha kanca-kanca sadayaning kula ngadeg wonten ngajeng kangge sanjangaken tembung-tembung, pesen, saha kesan salami sampun nempah pendidikan salami nem warsa.

Puniki sanes lah masa ingkang enggal lan kita ajeng tansah ngemut-emut jasa-jasa para guru sami . Berkat jasa saha kantos sampeyan-sampeyan, kita saged mangertosi cara kangge maos , berhitung, lan sumerep bab pinten-pinten macem elmi sanesipun.

Berkat jasanipun sampeyan puniki, kita kuwawi kangge saged langkung ngajengi donya wonten lajeng dintenipun. Kalih elmi ingkang sampun dipunsangoni punika ndamel gesang kita dados generasi enem penerus bangsa dados langkung gadhah artos.

Mugi-mugi amal kesaenan lan ibadah bapak lan ibu guru sami dipuntampi dening Allah SWT lan dipunserat wonten sisi-ipun. Ing kesempatan dinten puniki, kula ugi dados perwakilan inggil murid-murid sanesipun kangge sanjangaken panedha pangapunten.

Menawi salami puniki wonten lampahan kita ingkang mboten kajeng wonten manah sampeyan-sampeyan.

Namung mawon mungkin sapunika dereng kraos, nanging setunggaling wanci mesthi ajeng gadha] gina. Cekap dumugi wonten ngriki lan kula akhiri.

Wassalamualaikum wr.wb.

10. Contoh Pidato 10

Assalamualaikum wr.wb.

Para tiyang sepuh siswa, guru, lan sadherek kelas ingkang kita bingahaken.

Mboten kraos tigang warsa sampun berlalu. Kita sampun ngalami remen lan duka sekolah punika. Dinten puniki kita kempal wonten acara perpisahan, enggal kita ajeng nilaraken sekolah ingkang kita tresnani puniki.

Ing kesempatan ingkang sae puniki kita, inggil namaning siswa kelas 6, sanjangaken matur nuwun ingkang tulus kalih bapak lan ibu guru amargi sampun mbimbing kita kangge ngrampungaken setunggal perangan jenjang pendidikan wonten sekolah puniki.

Mugi-mugi elmi ingkang dipunsukakaken bapak lan ibu guru manfaat kangge kita.

Kita mboten kesupen sanjangaken matur nuwun kalih tiyang sepuh kita ingkang kalih tulus mbimbing lan ngagengaken kita mila kita saged angsal pendidikan ingkang wetah.

Kalih adik-adik kelas, wilujeng tilar, mugi-mugi kesuksesan lan keberhasilan ajeng tansah wonten kangge sampeyan. Kita ngertos perjalanan kita taksih panjang. Kita ajeng nglangkungi onak lan duru wonten perjalanan kita salajengipun.

Akhir tembung, mugi-mugi kita sami tansah dipunlindungi dening Allah SWT.

Wassalamualaikum wr.wb.

11. Contoh Pidato 11

Assalamualaikum wr. wb.

Sugeng enjing kalih sedaya para hadirin wonten aula puniki.

Pertami-tami mangga kita panjataken puji syukur kalih kehadirat Allah SWT inggil limpahan karunia saha rahmat, kita sami angsal dugi lan kempal wonten aula puniki.

Kita ugi sanjangaken matur nuwun kalih Allah SWT, amargi sampun dipunsukakaken rejeki rupinipun kelulusan kalih sadayaning siswa...lajeng, kita ugi sanjangaken salawat kalih nabi Muhammad SAW.

Kalih ingkang terhormat bapak sirah sekolah ........ kalih ingkang terhormat bapak, ibu guru saha jajaran staff ........sedayanipun saha kalih bapak lan ibu wali murid ingkang dugi ugi kanca-kanca sami ingkang kula tresnani kula matur nuwun sanget-kalih sadayaning guru ingkang wonten ing ........ puniki.

Berkat ilmu-ilipun sampeyan ingkang dipunsukakaken, kita dados langkung pinter.

Mugi-mugi dhateng ajengipun ajeng langsung angsal manfaat kalih masyarakat.
Semanten pidato kula kula akhiri lan kula nedha pangapunten menawi wonten kekirangan lebet pidato puniki.

Matur nuwun.

Wassalamualaikum wr. wb.

12. Contoh Pidato 12

Sugeng siyang,

Dumatheng Bapak Kepala Sekolah

Dumatheng Bapak lan Ibu guru

Lan dumatheng kanca-kanca ingkang kula tresnani

Monggo kita sesarengan njunjungake puja puji syukur marang Gusti amargi sampun maringi berkah lan karunia sahingga kita saged makempal sesarengan ing panggenan punika kanthi sehat.

Kula minangka wakil saking siswa kelas 6 SD .... , ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak lan Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan punika.

Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak lan Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan, lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik kelas sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen, kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak lan Ibu guru duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..

Cekap semanten ingkang saged kula kaaturaken mbok bilih wonten klenta-klentu, kula nyuwun pangapunten.

Sugeng siyang.

13. Contoh Pidato 13

Assalamu'alaikum wr.wb.

Ingkang kawulo hurmati bapak utawi ibu kepala sekolah, ingkang kawulo hurmati ugi bapak ibu guru saha bapak ibu karyawan. Ingkang kulo bangga aken adik-adik kelas lan kulo banggaaken ugi rencancang-rencang sedoyo. Monggo kita panjataken puji syukur kagungan Allah ingkang moho kuaos wonten wekdal meniko saget makempal kanti pinaringan badan ingkang sehat wal afiat. Sholawat sarto salam ugi kito aturaken dumateng junjungan kito Nabi Muhammad saw ingkang kito tenggo syafaatipun wonten yaumil akhir mangke.

Bapak utawi ibu kepala sekolah soho bapak ibu guru sedanten keparing matur kulo minongko wakil saking kelas 6 ngeturaken matur suwun seageng-agengipun dumateng bapak saha ibu sedaya. Matur suwun sampun nggulawentah kulo lan rencang-rencang sahinggo kulo sak rencang saget ngrampugaken kewajiban wonten ing pawitan meniko.

Kulo sarencang mboten saget bales naming saget memuji, supados sedaya amal bapak lan ibu guru sedaya pikantuk piwalesan daking gusti Allah ingkang maha agung. Saha tansah pinaringan kasarasan kawilujengan lan katentreman sahinggo saged nglanjutaken nggulawentah adik-adik sedaya.

Mboten kasupen kulo sakrencang nyuwun agunge samudro pangaksami dumateng bapak lan ibu guru sedaya. Menawi wonten pesinaon meniko sampun sering damel bapak ibu guru kuciwo lan duka. Lan maleh kalukan kulo sakrencang mbten mranani dumateng ibu lan bapak nyuwun pangapuranipun.

Sepisan maleh kulo aturaken dumateeng bapak ibu guru lan adik-adik sedaya kulo dedungo kagem gusti ingakng mboten aringan rahmat saha barokahipun gusti Allah.

Sakmeniko sampun cekap ingkang kawulo saget aturaken menawi katah klintaklentunipun kulo nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum wr.wb.

14. Contoh Pidato 14

Ingkang dahad kinormatan Bapak Kepala Sekolah SD ... , Bapak ugi ibu guru, staf TU, Lan konco-konco ugi adek-adek sedaya kemawon ingkang kula tresnani.

Sapisan, monggo kita sedaya sesarengan ngaturaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Maha Agung, Ingkang sampun maringaken nikmat kewarasan dumateng kita sedaya.

Dados kita sedaya saget sesarengan kempal dhateng adicara perpisahan siswa kelas 9 sapunika.

Kula siswa kelas 6A ingkang tinanggenah guru kagem mewakili konco-konco kelas 6 kagem ngaturaken matur sembah suwun kula sakonco namung saget ngaturaken ucapan matur sembah nuwun kagem sedaya bapak ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula sakonco dangunipun tigang warsa dateng pawiyatan menika.

Kula sakonco inggih badhe nyuwun pangestunipun supados kula sakonco saget nglebeti pawiyatan enggal ingkang sae ingkang sampun dhados tujuan kula sakonco. Ugi supados kula sakonco saget dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga, masyarakat, ugi bahasa lan negara.

Sejatosipun kula sakonco kraos awrat sanget kagem nilaraken pawiyatan menika. Kula inggih gadhah sekedik pesen kagem adek-adek kelas supados sinal ingkang sregep sinau supados saget wujudaken cita-cita nipun ugi dados lare ingkang lanthip.

Cekap semanten saking kula, manawi anggen kula sakonco kagungan sisip sembering. Ingakang klenthu, kula nyuwun agunge panga puten dumateng sedaya kanawon. Kula aturaken matur sembah suwun.

15. Contoh Pidato 15

Assalamu'alaikum wr.wb.

Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kula urmati, sumawana para putra-putra mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya. Saderengipun kula matur wonten ing ngarsa panjenengan, langkung rumiyin kula nyuwun agunging sih samodra pangaksama, awit kula kumawantun, ngadeg ing ngarsa panjenengan sami.

Alhamdulillah ing enjing menika kita sedaya saged kempal sesarengan ing SD ... ingkang kita remeni menika. Kita sedaya ngempal ing kampus menika nggadahi maksud utawi tujuan ingkang pokok, yaiku ngundhuraken para siswa kelas 6 ing wulan Maret taun ... sampun ngrampungaken UNAS ingkang dados syarat utama kangge siswa SD kangge ngelanjutaken ing jenjang luwih dhuwur.

Enjing menika, enjing ingkang ngerenyuhaken sanget kangge kita sedaya para hadirin. Menapa boten, ingkang slamanipun kita utawi teseh dados siswa mriki, kita kerep pethukan, sinau sareng, diskusi sareng, ing wayah sekedhap melih kita badhe pisahan. Nanging, kita kagungan pangajeng-ajeng supados perpisahan menika boten kita banjur "pedhot kekancan". Supados kita teseh wonten rerembagan ingkang ageng kayata sakderengipun kita pisah.

Para rencang ingkang sedaya maksud lan tujuan dianaaken perpisahan menika botenn namung ngunduraken rencang-rencang kelas 6 mawon, ananging luwih saking menika supados rencang-rencang tetep eling lan terus njagi rerencangan, inggih menika ing proses sinau utawi mlebet ing kegiatan sanes-sanesipun.

Para rencang ingkang badhe pisah menika, sejatinipun tugas para rencang menika luwih abot maneh, saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah dipunrampungaken. Mula kta kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon ongkang para erncang cita-citaaken saged dipuncapai. Boten namung kita mawon ingkang bangga menawi sukses, nanging Bapak lan ibu guru kita injih remen lan bangga.

Para sedherek sedaya, wayah saged damel kita sedaya saged kempal ing acara menika. Nanging wayah menika ugi ingkang misahaken kita sedaya. Kita namung saged mbales nggangge doa mugi-mugi sukses lan slamet lan mugi-mugi amal tuwin kesaenanipun para Bpak lan Ibu guru katampi ing sisihipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung.

Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kiranging atur mawantu-wantu kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.

Wassalamualaikum wr.wb.

(Nastiti Swasiwi Nurfiranti/and)
Tonton juga video berikut:

Terkini Lainnya

Tautan Sahabat